Nama radio :
RRI Pro 4 Yogyakarta
Penyiar
: Widiantoro S.Sos
Program
: Batik (babagan niti kabecikan)
Format
: Informasi Agama Hindu
Durasi
: 30 menit
Segmentasi :
semua umur
Gaya penyiar :
penyuluhan
OPENING
OM Swastyastu,/ sugeng
enjing para pamiarsa setia wonten gelaran 106,.. FM Pro sekawan Radio RRI
ngayogyakarto// pepanggihan malih kaliyan kulo/ Widiantoro wonten acara/ batik/
babagan niti kabecikan agami hindu// Kados adat sabenipun kulo ngrencangi para
pamiarso sedoyo/ kanthi wedal tigang dasa menit sak mangke// kulo badhe mbahas
ajaran ajaran agami hindu/ kangge ngemotaken malih ajaran-ajaran agami kangge
sedaya umat hindu dharma/ wonten tlatah Ngayogyakarto// saking meniko mangga
tansah midangetaken wonten gelaran 106,..FM
Pro sekawan Radio RRI Ngayogyakarto//
-
CONTENT
Bapak-bapak/ ibu-ibu
saha sadherek-sadherek umat sedharma ingkang kulo kurmati//
Wekdal meniko/ kulo badhe
mbahas Dasar-dasar Kapitadosan Agami Hindu// Agami Hindu nggadahi “sraddha”
utawi dasar-dasar kapitadosan/ salah sakwijining kapercayan umat agami hindu
kangge pedoman saha tuntunan wonten gesang/ kangge usaha nggayuh/ katentreman/ kerahayuan/ keslametan kados
tujuan gesang/ inggih meniko “Moksartham
Jagadithaya ca iti Dharmah”//
Lajeng/ ingkang pundi
kemawon sraddha Hindu ingkang dipun maksud?//
Agami Hindu nggadahi
gangsal pokok kapitadosan/ dipun sebat/ Panca Sraddha inggih meniko :
Setunggal/ pitados
Wontenipun Tuhan Yang Maha Esa/ Ida Sang Hyang Widhi Wasa//
Kalih/pitados
wontenipun atman/ utawi roh//
Tiga/ pitados kalih
Hukum Karma Phala//
Sekawan/ pitados
wontenipun Punarbhawa//
Gangsal/ pitados
wontenipun Moksa//
Nah/ bapak-bapak/
ibu-ibu sarta shaderek agami Hindu pamiarso wonten/ gelaran 106,..FM Radio RRI
Ngayogyakarto/ manggo kito bahas
setunggal-setunggal/ panca sraddha meniko//
Pitados
wontenipun /Ida Sang Hyang Widhi Wasa//
Agami Hindu pitados
wontenipun Zat ingkang dipun sebat Brahman
(ida Sang Hyang Widhi Wasa)// Brahman meniko Mutlak/ Maha kuwoso/ Maha Esa/
Maha Pengasih/ Maha Adil lan sapanunggalanipun// zat meniko mboten saget dipun
jangkau ngangge pikiran/ wonten pundi-pundi kemawon/ mboten saget dipun padake
kalehnopo kemawon//
Wonten kitab uphanisad
Brahman dipun sebat “neti-neti”/ sanes niki/sanes niku// ananging brahman
meniko ajeg wonten// wonten kitab wedha/ Penjenenganipun kasebat tat tegese kuwi saha sat/ tegesipun kebenaran// tat sat : kuwi kebenaran// ing nusantara
mriki dikenal ngagem asma Ida Sang Hyang Widhi Wasa// sang artinipun piyambake/
hyang tegesipun Gaib/ lajeng widhi wasa tegesipun/ ingkang ndadekake// Ida Sang Hyang Widhi Wasa : piyambakipun
ingkang gaib/ingkang ndadosaken//
Ingkang menarik saha
unik/ brahman meniko kagungan asma ingkang kathah// umpaminipun brahma
(pencipta)/ wisnu (pemelihara)/ siwa (pelebur)// brahman ugi kagungan kekiatan
kekiyatan alam/ kados agni (geni)/ srengenge/ bulan/ angin lan
sapanunggalanipun// Saenggo kathah tiyam awam nganggep agami hindu/ agami
alam// agami ingkang nyembah banyak Tuhan// ananging penganggep meniko salah
sanget// agami Hindu pitados lan nyembah satu Tuhan// wonten / chandogya upanisad : / Ekam eva
adwityamtasmad asatah sajjayana tegesipun / piyambake Maha Esa, mboten
wonten ingkang kaping kalih/ saking piyambakipun sedoyo makhluk kaciptakaken//
-
Kita lajengaken
kapitadosan ingkang nomer kalih inggih meniko/
Pitados
wontenipun roh/ atman//
Brahman/ ingkang
nyiptakaken menungso/ ugi wonten ing sajroning badan meniko/ disebat jiwa/ zat
hidup// wonten bahasa sanskerta kasebat atman/ meniko ingkang nyebabaken
menungso meniko gesang/ tanpa atman/ menungso meniko pejah//
Atman meniko percikan
brahman ingkang wonten badan menungso// wonten kitab Bhagavadgita II. 20 : na
jayate mriyate va kadacin/ nayam bhutva bhavite va na bhuvah/ ajo nityah
sasvato’ yam purano/ na hanyate sarire// artinipun : atman mboten dipun
lahiraken/ mboten saget pejah/ ajeg wonten/ kawit rumiyin wonten/ mboten saget
pejah senajan badan jasmani pejah//
Lajeng menawi tiyang
meniko seda / pundi paranipun atman?//
Sajroning tiyang gesang
temtu nindakaken macem-macem hal/ ingkang sampun/ nembe/ utawi dereng
ditindakaen.// biasanipun tiyang tumindak meniko mboten uwal saking kesalahan//
sengojo utawi mboten. Sedaya tingkah laku meniko nggadahi akibat/ sae utawi
ala// menawi sae ingkang dipun tindakaken / ugi sae ingkang badhe dipun tampi/
kosok wangsulipun menawi tumindak ingkang ala/ ugi nampi akibat ingkang mboten
sae//
Hubunganipun sraddha
ingkang nomer tigo/ pitados kalih hukum
karma//
Karma meniko bahasa
sanskerta/ aslipun tembung kri ingkang ngemu teges tumindak/ sedaya tumindak
sae utawi ala/lan akibatipun meniko masuk wonten karma//
Hukum artinipun patokan
(kaidah/ketentuan) ngengengi peristiwa tertemtu//dados hukum karma ateges sedaya
tumindak lan akibatipun/ wonten patokanipun utawi kaidah//
Pitados hukum karma/
berati tumindak panggautan/ sembarang tumindak/ ala menopo sae/ dumugi kasil utawi wohipun/ patokanipun ajeg
wonten// kasil utawi woh saking tumindak disebat phala/ karma berarti tumindak/
dados karma phala berarti wohing tumindak. Saben tumindak wonten woh ipun//
Karmaphala ingkang sae
disebat subhakarma/ karma ingkang ala disebat a-subhakarma/./ menawi tiyang
tasih gesang otomatis kekalih karma
meniko dilampahi. Wonten mriki ketingal keadilan Ida Sang Hyang Widhi Wasa/
mboten memihak sinten kemawon//
Hukum karma/ nggayomi
tiyang ingkang tumindak sae lan ningkataken moral saha etikanipun// Kosok
wangsulipun/ hukum karma ngukum tiyang ingkang tumindak ala lan damel mrosot
moral kehidupan// hukum karma meniko ingkang nemtokaken kelahirannipun benjing//
Wonten tigo jenis karma
inggih meniko/
Prarabda karma/ sancita
karma/ lan kryamana karma//
Prarabda karma/ karma
meniko diumpamaken/anak panak ingkang sampun kalepas saking busur/mboten saget
katarik malih/ maksudipun mekaten/ karma sampun
ngasilaken woh wonten gesang tiyang sakmeniko/ akibat akibat tumindak
kala rumiyin mboten saget dipun hindari//
Contonipun / dipun
lahiraken kanthi badan tertemtu,/rupa kulit/ rai/ termasuk tabiat kalih watak//
sedaya kasunyatan menika kedah dilampahi lan ditampi kanthi legawo// namung
mekaten amargi ilmu kedokteran ingkang maju bentuk badan dibentuk sae ngangge
operasi plastik//
Sancita karma/ karma
meniko diumpamaaken anak panah ingkang sampun siap dilepas saking busuripun/
tegesipun/ karma sampun ngasilaken woh utawi phala wonten gesang sakmeniko/
nyebabaken corak mental nanging tasih saget ngrubah lampah ngangge jnana kados
pendidikan prakerti lan moral//
Contonipun lare ingkang
kirang cerdas prabawanipun/ tasih saget
diupayaaken kanthi pendidikan khusus kangge kemajuanipun//
Wonten malih tiyang
ingkang tumindak mboten sae kados : maling/ perampok/ penipu
lansapanunggalanipun/ saget dipun icali/ ngangge pendidikan agama, ningkataken
akhlak/ moral/ lan maringi pelajaran keahlian tertemtu//
Kriyamana karma/ karma
saweg ditindakaken sakmeniko// Woh utawi phala/ bakal ditampi wonten gesang
sakmeniko//
Menawi dipun penggalih
kanthi hening/ gesang mbenjing ditemtuaken piyambak diri pribadi// menawi
gesang sakmeniko tumindak sae mbenjing nampi woh ingkang sae lan kosok
wangsulipun//
Pripun carane damel
karma ingkang sae?//
Sedaya ingkang dipun
rtindakaken/ kedah dituntunn/ kanthi landasan dharma// ngatasi nafsu saha
egoisme ingkang berlebihan/berpikir ingkang murni-bersih/ saha bakti kalih Ida
Sang Hyang Widhi Wasa// kanthi mekaten mlampah wonten jalan kesempurnaaan/
tumuju subha karma//
Sang Hyang Widhi mboten
leren-leren/anggenipun nyambut damel ngangge hukum karma phala meniko/ingkang
nuduhaken Maha keadilanipun.// hukum karma erat hubunganipun kalih sraddha
sekawan : pitados wonten punarbhawa//
Umat Hindu pitados
wontenipun phunarbhawa utawi manitis (kelahiran kembali)/ menopo kedah lair
malehing ndonya meniko?// penjelasanipun mekaten/tujuan lahir malih meniko
mboten amargi angsal hadiah utawi dipilara/kosok wangsulipun kangge tumuju
keadaan ingkang soyo sae/ tumuju kasampurnan// punarbhawa nyadaraken tiyang
kangge lepas saking proses gesang lan pejah/ amargi mboten saget tiyang lepas
saking siklus hidup lan matiangsal kasampurnan saha mukti menawi mboten
nglampahi proses kematian kaleh kehidupan// kathah ingkang ngraosaken/ pitados
/ kados Budhha, Plato, Pithagoras lan kapitadosan mesir kuno wontenipun tumimbal
lahir//
Tiyang seda/ atmanipun
(jiwa,zat hidup)/ uwal saking badanipun/ ingkang nerek katut inggih meniko
prana (tenaga vital, pikiran, ingatan, akal)/ sedaya pangertosan,
penggalihan/raos/inera/ kebodohan, kesaenan, sedoyo ingkang mboten sae lan
suksma bhuta (unsur jasmani halus/mboten saget digrayang)//
Pitados
wontenipun moksa/ punarbhawa (pejah lan gesang ing donya
meniko/ ditemtoke kalih hukum karma. Atman nglampahi macem macem kasengsaran
kasebat samsara/ menawi atman sampun resik/ amargi nindakaken dharma/
atman lolos saking hukum karma/ kasebat
niskama karma// mboten nglampahi punarbhawa malih/ mboten samsara malih/ keadan
meniko diwastani moksa (bebas, mukti langgeng)// tiyang pikantuk moksa mboten
nmung menawi sampun seda ananging tiyang tasih gesang wonten alam donya.
Nanging temtunipun meniko mboten gampil//
Wonten epik
mahabharata/ dipun critaaken menawi prabu yudistita meniko pikantuk moksa rikala
tasih gesang ing alam ndonya/ amargi tekun nindakaken kebenaran, jujur adil,
welas asih, tanggel jawab/saha taat manembah kaliyan Ida Sang Hyang Widhi
Wasa//benten kalih sedoyo rayinipun ingkang seda sedanten wonten ndonya//
Pripun usahanipun umat
supados uwal saking lingkaran punarbhawa?//
Saking meniko kedah
dipun upayaaken nglampahi karma yoga/ sedaya makhluk saking paling alit dumugi
palimng ageng/ tumindak kangge nggayuh tujuan kebebasan pikiran, kebebasan
badan, saha kebebasan jiwa.// usaha kangge nggayuh kebebasan meniko berarti
nguwali diri ssaking ikatan ikatan karma/. Meniko ateges mboten terus mboten
nyambut damel utawi tumindak/ ananging mbebasaken raos terikat/kaleh pedamelan
meniko/ dipun jagi supados pikiran ajeg bebas/ saking raos keterikatan kalih
pedamelan// raos keterikatan meniko nuwuhaken rong perkawis : seneng lan
susah// kasusahan meniko muncul saking raos keterikatan. Sanes saking
pedamelan//
Ingkang dipun maksud
terikat inggih meniko/ wontenipun khawathir, was-was/ ajrih/lan
sapanunggalainpun.// wonten mriki ingkang kasebat suka sifatipun namung
sementara.//
Karma yoga ngajaraken ;
mboten usah meninggalkan kadonyan, gesang wonten dunia nyata/ namung dipun
atasi saha tahan sedoyo pengaruh-pengaruhipun sak kathah kathahipunkagem diri
piyambak mboten kagem tiyang sanes// dados kita ajeg nindakaken karma yoga
supados mboten terikat oleh hukum karma //
Wonten tiga bentuk
moksa ingkang sampun dilampahi tiyang ingkang sampun moksa:/
Moksa/ adi moksa/ saha
parama moksa.// kasebat moksa menawi tiyang tasih ninggal badan jasmani//
kasebat adhimoksa menawi tiyang moksa meniko ninggalaken badan jasmani awujud
abu/ amargi sampun kabakar kalih agniyoga/ tiyang ingkang yoganipun sampurna
/saget nindakaken menika// lajeng prama moksa menika moksa ingkang mboten
ninggalaken badan jasmani/ utawi moksa sak ragane/ badan jasmani terserap
secara alus/ mboten wonten bekasipun//
CLOSSING
Nggih bapak-bapak/
ibu-ibu saha sederek-sederek umat sedharma / pamiarso sedaya/ mboten kraos
wekdal sampun jangkep 30 menit/ kulo widiantoro anggenipun ngrencari
panjenengan sedaya/ nyuwun pamit/ pepanggihan malih wonten acara, wekdal saha
gelombang 106,.. FM Radio RRI Ngayogyakarto. Matur suwun. Kulo pungkasi kanthi
parama santhi/ om santhi/ santhi/ santhi om
Tidak ada komentar:
Posting Komentar